Prajnaparamita
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Bébas mawi basa Jawi
- Artikel puniki prakawis konsèp ing agami Buddha. Kanggé panrapan sanès mangga mriksani: Penerbit Pradnya Paramita.
Pradnya Paramita utawi Prajnaparamita (Sansekreta prajñā pāramitā (Aksara Hanzi. 般若波羅蜜多, Pinyin. bān ruò bō luó mì duō, Jepang hannya-haramita), punika salah satunggiling aspèk sipat satunggiling bodhisattwa ingkang dipunwastani paramita.
Tegesipun punika inggih “kasampurnan ing kawicaksanan” kaliyan ugi salah satunggiling saking enem utawi sedasa sipat transédéntal manungsa.
Anging sutra-sutra Prajñāparamitā punika inggih satunggiling jinis sastra Buddha aliran Mahayana ingkang wonten gandhèng-cènèngipun kaiyan Kasampurnan Kawicaksanan. Tembung Prajñāparamitā mboten naté ngrujuk ing salah satunggiling tèks kusus anging ing khazanah tèks.
[sunting] Sajarah
Sutra ingkang awal piyambak ing jinis puniki inggih Aṣṭasāhasrikā Prajñāpāramitā Sūtra utawi "Kasampurnan Kawicaksanan ing 8.000 baris", ingkang kinten-kinten dipun serat ing 100 SM. Langkung kathah bahan lajeng dipun serat ing kalih abad salajengipun. Kajawi sutra punika piyambak, wonten ringkesan ing pada Ratnaguṇasaṁcaya Gāthā, ingkang mbokmenawi langkung lawas malih, awit mboten dipunserat mawi basa Sansekreta baku. Sutra 8.000 baris punika satunggaling sutra Mahayana ingkang langkung lawas.
Ing abad-abad salajengipun (abad kaping 2 – abad kaping 4), sutra-sutra punika dipun tambah-tambah dados langkung ageng. Wonten vèrsi-vèrsi mawi 10.000, 18.000, 25.000 kaliyan 100.000 baris, ingkang dipun tepangi dados "Kasampurnan Kawicaksanan Ageng".
Anging amargi ke-agengan kaliyan kirang praktis lajeng sutra-sutra punika dipun ringkes. Vèrsi-vèrsi ringkes punika dipun wastani Sutra Jantung (Prajñāpāramitā Hṛdaya Sūtra) kaliyan Sutra Inten (Prajñāpāramitā Vajracchedikā Sūtra). Kakalihipun inggih populèr sanget kaliyan gadhah panagruh ingkang kiyat marang évolusi aliran Mahayana. Vèrsi-vèrsi Tantrik saking Prajnaparamita; wiwit kaserat saking abad kaping 6.