Web - Amazon

We provide Linux to the World


We support WINRAR [What is this] - [Download .exe file(s) for Windows]

CLASSICISTRANIERI HOME PAGE - YOUTUBE CHANNEL
SITEMAP
Audiobooks by Valerio Di Stefano: Single Download - Complete Download [TAR] [WIM] [ZIP] [RAR] - Alphabetical Download  [TAR] [WIM] [ZIP] [RAR] - Download Instructions

Make a donation: IBAN: IT36M0708677020000000008016 - BIC/SWIFT:  ICRAITRRU60 - VALERIO DI STEFANO or
Privacy Policy Cookie Policy Terms and Conditions
Tresna - Wikipedia

Tresna

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.

Tresna

Segarane wong akrami dudu bandha dudu rupa amung ati pawitane luput pisan kena pisan yen gampang luwih gampang yen angel, angel kelangkung tan kena tinambak arta “Pawitane wong omah-omah pancen ati. Tegese, nek atine padha senenge ya bakal dadi. Embuh sing lanang bagus, sing wadon ora utawa sewalike, nek dilambari ati tresna, kuwe ora ndadekna perkara. Mulane kaya inyong nek lagi prantang-pruntung kesuh, mesthi tek emut-emut dhong lagi dhemenan karo bojo gemiyen. Kokh dadi bisa ora kesuh warah?” omonge Duslam dhong lagi rondha, nang gerdhu Kamling winginane mbengi.

Embuh kenangapa, Duslam sing sedurunge ura-ura kaya tembang nang ndhuwur kuwe, mbanjutan ngomong perkara wong jodhoan.

“Carane rika nembe tarung karo sing wadon apa?” takone Mas Klerek kambi nyruput wedang clebek gawane Taslim sing kena giliran wengi kuwe.

“Ya ora! Aku sok ndeleng nang teve, sing jenenge artis kokh sok padha gegoh, padha pegatam utawa ana sing wira-wiri kawin. Kepriwe ngkanane yong? Ningkahe mbok ya merga ketresnan?” semaure Duslam.

Taslim melu ngomong: “Jane ya ora artis thok sing seneng rabi. Wong kaya penginyongan ya ana. Bedane artis kuwe wonge toli kewentar, dadi akeh sing nyoroti. Nek kaya wong penginyongan, paling-paling wong sedesa rong desa sing padha ngrasani.”

“Wong ningkahan kuwe kena diarani gampang. Sing angel toli gole nglakoni nang alame jejodhoan. Sebab sing nglakoni kuwe wong loro sing genah ora padha. Dadi sapa bae nek wis niyat mbanjutan nglakoni omah-omah, ya kudu padha-padha ngertine. Tegese. sing lanang kudu ngerteni wateke sing wadon utawa sewalike. Nek ana sing ora cocog, ya dirembug bareng. Aja padha nggolet menange dhewek,” inyong udhu omong.

Gaber nylemong: “Inyong tah ora setuju, nek wong jodhoan kuwe mung pawitan ati seneng. Padha senenga nek sing lanang ora ngodhe utawa pengangguran kaya inyong, suwe-suwe ya mertua loro karo sing wadon drememel! Apa wong wadon cukup dinei oyod inyong thok, ora dikayani?”

“Ko jan! Bodhone ora tambah-tambah? Sing jenenge uwong wani ningkahan, mesthine kudu duwe sangu seliyane niat. Sing dadi wong lanang kudune wis bisa nggolet dhuwit, sukur wis nyedhiani omah ora ketang saka-saka papat. Nek kaya kowe kokh sekiye mbojo? Kuwe la mung udhu oyod thok! Sing dimangsud ati pawitane, kuwe sing nomer siji, Blog!” Duslam madoni.

“Ya embuh! Buktine ana prawan gelem dadi bojone kaki-kaki sugih,” Gaber emoh kalah.

Mas Klerek sing nyapih: “Nek prawan gelem karo kaki-kaki, kuwe ora klebu nang kandhahan kiye Ber. Kiye kandhahan umume wong jejodhoan. Anane prawan gelem karo kaki-kaki, mbokmenawa bae anu kepeksa utawa si prawan ngurbana ketresnane nggo kepenake wong tuwa karo sedulur-sedulure.”

“Gaber nek ora nyrekal pancen gamam. Jorna bae toli uwis. Pancen sing jenenge wong jejodhoan kuwe ora gampang. Mulane inyong ya kaya Duslam. Nek ana ora cocoge karo bojo, ya kepriwe maning wong kaya kuwe anane. Kenangapa inyong gemiyen seneng, tresna, banjur tek nggo bojo? Sewise dadi bojone, ya kudu tetep seneng, terus ngrumat wite ketresnan kon subur bisa wohe. Uwohe ya kudu dirumat terus nganggo ketresnane wong tuwa maring anak.”

“Bener Slim,” Mas Klerek medhot omonge Taslim. “Ningen sewalike. Sing dadi wong wadon, ya kudu ngrumat karo nyuburna ketresnane. Aja banjur nek ana kurang cocoge, banjur ngomong selangan si mbojo inyong? Utawa terus nggolet menange dhewek. Dadi wong wadon ya kudu bisa ngerteni kepriwe sing lanange, wong nyandhing saben dina. Sebab nek wong wadon ora ngerti apa sing dibutuhna utawa sing dikarepna wong lanang, sing lanang bisa nedhak. Iya ora Kang Supa?”

“Iya ndeyan. Ya aja diarani nedhak. Kaya wedhus bae. Kayane bener sing diomongna Mas Klerek mau. Sebab wis salah kaprah, nek ana wong lanang utawa wong wadon slingkuh, salahe diurugna kabeh meng dheweke. Kenangapa uwong-uwong ora mbanjutan mikir, sebabe apa wong lanang kokh nyleweng? Mesthine bisa bae sing wadon ana kekurangane. Sewalike nek wadon nyleweng, bisa bae sing lanang duwe kekurangan. Mbokan kaya kuwe ya Slim?”

“Pedaeh....... Eh, pedaeh rika wong lanang ora gelem disalahna dhewek. He he he..... Ya, ya bisa bae kaya kuwe. Ningen anane kurang utawa lewih, nek padha-padha dingerteni, ndeyan ora ndadekna sebab nyleweng. Nek ujar inyong, ya bali maring ati. Ati utawa nurani menungsa, isine akeh apike. Klebu ketresnan kuwe. Nek sekang ati sing apik terus direksa, mbanjutan pikirane sing apik, sapa bae ndeyan ora bakal nyleweng utawa slingkuh. Sebab nyleweng, slingkuh, kuwe barang sing ala tur ora bener.”

“Deneng sekiye rika pinter ya Man?” Gaber nylemong, banjur ngomonge maning:” Nek meng sing apik-apik, inyong tah cocog. Nek sekiye ider rondha apik ya?”

“Gari ngejeki ider bae si ngapa? Mawi ngenggokna kandhahan, muride Kang Supa ya kaya kuwe,” omonge Duslam sing keton madan gela, kandhahane dipedhot. “Kuwe! Kokh inyong sing digawa-gawa. Ya uwis. Magreh ider rondha. Ha ha ha..”

Kang Supa q-s.

Harian Kedaulatan Rakyat, Dina Setu 21 Mei 2005


mBalik ming: Kaca Utama ; Daftar Tulisan / Artikel Bebas
Our "Network":

Project Gutenberg
https://gutenberg.classicistranieri.com

Encyclopaedia Britannica 1911
https://encyclopaediabritannica.classicistranieri.com

Librivox Audiobooks
https://librivox.classicistranieri.com

Linux Distributions
https://old.classicistranieri.com

Magnatune (MP3 Music)
https://magnatune.classicistranieri.com

Static Wikipedia (June 2008)
https://wikipedia.classicistranieri.com

Static Wikipedia (March 2008)
https://wikipedia2007.classicistranieri.com/mar2008/

Static Wikipedia (2007)
https://wikipedia2007.classicistranieri.com

Static Wikipedia (2006)
https://wikipedia2006.classicistranieri.com

Liber Liber
https://liberliber.classicistranieri.com

ZIM Files for Kiwix
https://zim.classicistranieri.com


Other Websites:

Bach - Goldberg Variations
https://www.goldbergvariations.org

Lazarillo de Tormes
https://www.lazarillodetormes.org

Madame Bovary
https://www.madamebovary.org

Il Fu Mattia Pascal
https://www.mattiapascal.it

The Voice in the Desert
https://www.thevoiceinthedesert.org

Confessione d'un amore fascista
https://www.amorefascista.it

Malinverno
https://www.malinverno.org

Debito formativo
https://www.debitoformativo.it

Adina Spire
https://www.adinaspire.com