Londok
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
?
Bronchocela jubata |
||||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Londok |
||||||||||||||
Klasifikasi Ilmiah | ||||||||||||||
|
||||||||||||||
Jeneng Binomial | ||||||||||||||
Bronchocela jubata Dumeril & Bibron, 1837 |
|}
Londok utawa bunglon (basa Indonesia) kuwe klebu jenis reptil sing klebu(familia) Agamidae. Kadal lia sing isih sesuku yaiku cecak terbang (Draco spp.) karo soa-soa (Hydrosaurus spp.).
Londok ndhuwe pirang-pirang marga, kayatha Bronchocela, Calotes, Gonocephalus, Pseudocalotes lan liya-liyane. Londok bisa ngubah warna kulite, tapi sing lewih hebat perubahan warnane Londok jenis chamaeleon (suku Chamaeleonidae). Londok biasane mung ganti warna sekang warna terang (ijo, kuning, utawa abu-abu terang) dadi warna sing lewih petheng, coklat tua utawa ireng.
[sunting] Londok Surai
Londok surai ndhuwe jeneng ilmiah Bronchocela jubata Duméril & Bibron, 1837. Nang basa lia diceluk bunglon (Jkt., Jw.), londok utawa lunduk (Sd.), utawa green crested lizards (Ingg.). Ana jeneng nang basa Inggris sing mandhan nyesatnya: bloodsuckers, sejatine kadal iki ora tau nyedot getih.
Londok uripe nyebar nang pulau-pulau Jawa, Borneo, Bali, Singkep, Sulawesi, Karakelang dan Kep. Salibabu, dan Filipina.
[sunting] Gambaran awak
Londok kebon umume ukurane sedheng, buntute dawa klamprah. Dawane tekan 550 mm, lan papat per limane buntut. Ana semacem gerigi nang tengkuk kanti boyoke lewih kaya surai (jubata artinya bersurai) ora kaya bentuk mahkota, ora kaya kluarga cepake B. cristatella (crista: jambul, mahkota). Gerigi iku sebenere sisik-sisik sing pipih dawa lan ngelancip tapi amoh kaya kulit.
Ndhase segi-segi lan ndhuweni sudut. Nang Dagu ana kantong amba, lan bertulang lunak. Matane dikelilingi pelupuk sing cukup amba, lentur, sing tersusun sekang sisik-sisik alus lan apik.
Dorsal (sisih ndhuwur awak) warnane ijo nom tekan ijo tua, seing bisa berubah dadi coklat tua utawa ireng nek ana gangguan. Ana cocol coklat madan abang kaya karat nang mburi cangkem nang ngisor timpanum. Deretan cocol kaya kuwe, sing sering dadi siji kaya coretan-coretan, ana nang bahu lang nang sisih lateral bagian ngarep; tambah mburi warnane tambah kabur.
Sisi ventral (sisi ngisor awak) madan kuning kanthi putih nang dagu, gulu, wetheng lan sisih ngisor sikil. Tlapak tangan karo sikil coklat meng kuning. Buntut bagian pangkal warnane ijo belang-belang biru, meng mburi tambah coklat kusem karo belang-belang putih nang ujunge.
Sisik-sisik Londok Surai atos, kasar, ana balunge; buntute krasa segi-segi. Perkecualiane sisik-sisik jambul, sing ora nana balunge karo madhan amoh kaya kulit.
[sunting] Kebiasaan
Londok sering ditemokna nang semak, perdu karo wit-witan pineduh nang kebon karo pekarangan. Sering gigal sekang wit utawa perdu sewektu ngoyok panganane, tapi cepet-cepet mlayu maring wit sing paling cepak.
Reptil iki panganane macem-macem serangga sing ditemoni: kupu-kupu, tuma, kinjeng, laler lan liya-liyane. Nggo ngapusi mangsane, londok sering anteng nang wit-witan utawa goyang-goyang kaya kenangan angin. Sering uga londok surai konangan menek kabel listrik cepak umah, nggo yeberang sekang panggonan siji meng liyane.
Londok surai ngendhog nang lemah sing gembur, ana pasire utawa nang serasah. Kaya anggota suku Agamidae liyane, biyung bunglon nduduk lemah nganggo monconge. Kulit ndhoge warnane putih, lentur madan liat kaya perkamen.
Nang sijing pengamatan nang Alas Situgede, Bogor kecatet bahwa ndhog londok surai dipendem nang lemah berpasir nang ngisor serasah, persise nang ngisor semak-semak nang bagian alas sing madan kebuka. Ndhoge ana loro, lonjong dhawane lk. 7×40 mm, disokna jejer lan diurug lemah tipis. Nang Gunung Walat, Sukabumi, ana ndhog disugna nang lapisan humus sing alus nang tengah tengah dalan setapak.
Categories: Kewan | Chordata | Reptil | Kadal