Web - Amazon

We provide Linux to the World


We support WINRAR [What is this] - [Download .exe file(s) for Windows]

CLASSICISTRANIERI HOME PAGE - YOUTUBE CHANNEL
SITEMAP
Audiobooks by Valerio Di Stefano: Single Download - Complete Download [TAR] [WIM] [ZIP] [RAR] - Alphabetical Download  [TAR] [WIM] [ZIP] [RAR] - Download Instructions

Make a donation: IBAN: IT36M0708677020000000008016 - BIC/SWIFT:  ICRAITRRU60 - VALERIO DI STEFANO or
Privacy Policy Cookie Policy Terms and Conditions
Dopokan Wulan Puasa - Wikipedia

Dopokan Wulan Puasa

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.

Alkhamdulillah, nang wulan puasa kiye inyong bisa nglakoni puasa nganti dina miki. Durung tau medhot babar pisan. Muga-muga bae bisa tutug nganti bada. Jane wong kaya penginyongan nglakoni puasa, nek depikir abote ora etung. Jajal, awane wis wetenge kencot kudu ngetokna tenaga nggo nggolet cucukan. Wengine kurang turune. Iya ora Kang Taslim?” omonge Duslam mbukak dopokan nang gerdhu Kamling winginane mbengi.

“Ya iyalah! Ningen nek kabeh mau dilakoni sing iklas nggo ngibadah, ya dadi ora krasa. Ya keprimen maning wong nasibe kaya inyong karo rika kuwe kon pada dadi blekethir. Senajana golehe puasa ngrasa abot, ya muga-mugaha bae bisa rampung tur olih ganjaran sekang Allah Swt. Nek depikir si iya. Kaya inyong, wis wetenge nahan kencot, kudu ngonthel becak. Ya nek ana penumpang. Wulan puasa biasane sepi. Embuh ngesuk nek prepegan.” semaure Taslim kambi nglinthing rokok.

“Inyong genah ya ora padha karo Duslam utawa Taslim. Ningen inyong bisa ngrasakna kanca batir sing kaya rika. Tegese sing ngodhene pilplok, mipil diemplok. Wong sedulur inyong sing Langgongsari karo Pageraji, sing padha nderes, ya ora beda karo rika padha. Ningen nek deleng, deneng nang taun-taun sing wis liwat ya padha bisa nglakoni puasa nganti tutug. Kabeh mau jane mung niyate. Yakuwe, dilandhesi rasa iklas merga ngibadah,” Mas Klerek udhu rembug.

“Kari sing padha nderes sekiye tah lagi lumangyan kasile. Rega gula lagi manjat. Ningen biasane, ora nganti sewulan rong wulan wis mlorod maning. Senajana kaya kuwe, ya mendhing. Garep bada rega gula manjat, kena nggo mantep-mantep nyambet gawe. Inyong senajana malah kasile kurang, ya tetep tek reksa-reksa bisa tutug puasane. Ndeyan ngesuk ngemben ya ana rejeki nggo badan,” omonge Duslam maning.

“Kandhakh puasa karo pegaweyan, inyong dadi mikir meng para wakil-wakil inyong sing depilih durung suwe kiye. Karuwan si wis dadi pegaweyane. Ningen dhonge ya ngemuti wulan puasa. Kae koh dadi padha otot-ototan dhewek? Rebuten kuasa utawa kursi. Jere sing jenenge koalisi kebangsaan karo koalisi kerakyatan lagi padha ora cocog-cocogan. Lha si keprimen ya Mas Klerek?” Taslim nyambungi.

“Ya kuwe Slim. Kaya inyong dadi rakyat blekethir melu prihatin. Wong wulan puasa, kudune padha akur ngutamakna ngibadah, kokh padha engkel-engkelan.

Engkel-engkelane wong gedhe, dekaya ngapa rakyat ya dadi melu mikir. Ujar inyong soten, dhonge ya aja padha kaya kuwe. Seangel-angele perkara, mesthi bisa dirampungi sing apik nek kabeh-kabeh padha sadhar. Ndeyan kaya kuwe ya Kang Supa?”

“Iya ndeyan. Kari inyong tah kepenakan bae. Anane padha ngotot, pancen kuwe wis dadi pegaweyane. Nek ora kaya kuwe, ndeyan ora nyambet gawe. Mesthine rakyat kaya inyong ngertine, wong nyambet gawe digajih nganggo dhuwit rakyat kokh kaya kuwe. Dhonge nek ana rembuh dirembug. Nek meng wong cilik tah iya omonge. Jere kudu bersatu, kudu musyawarah, utawa kongkon liyane.”

Gaber nylemong: “Kang Supa ya klalen. Rika toli tau ngomong. Jere sing jenenge demokrasi ya kaya kuwe. Demokrasi ora ndeleng wulan puasa apa dudu. Padha bae karo kekuasaan utawa kursi, bisane ngrebut ya ora kudu dipuasani. Ya jor kon poran. Ora susah melu mikir.”

“Nek ujarmu kaya kuwe ya ana benere. Ningen dekaya ngapa, kaya inyong rakyat blekethir ya kudu bisa ngerti kahanane wakile utawa pemerintahan golehe padha nyambet gawe. Nek kaya kuwe, inyong padha dadi rakyat ora dilomboni,” Taslim ora cocog karo omonge Gaber.

Duslam nyambungi: “Ujar inyong sing blekethir. Nek bisa dhonge ya ora susah padha otot-otoan. Umpamane anaa, ya aja nang wulan puasa sekiye. Wong ngotot toli gampang ketempelan watek syetan. Mbokan wong puasa ora kena jengkel, pedudon, ngala-ala wong liya utawa liyane maning. Sing nang ndhuwur padha eyel-eyelan, blekethir kaya penginyongan bengel ngadhepi butuh nggo badan.”

“Dadi wong gedhe kudune malah lewih mempeng puasane. Sebab ora banget-banget mikirna butuh kaya penginyongan si!? Karo kuwe meng sing padha sugih-sugih kaya para pengusaha, dhonge tenimbang ngirimna parsel utawa hadiah badan meng pejabat, dhuwite jane kena nggo wong cilik sing genak kurang,” penemune Taslim.

“Bener, Slim. Dadi jenenge ora nguyahi segara. Tur ndeyan ya gedhe ganjarane nek nggo rakyat blekethir, ketimbang nggo wong sing ora kesrakat. Mulane inyong sok mikir. Jane wong cilik, blekethir kaya inyong rika padha, kena diarani lewih gedhe ngibadahe. Contone kaya nek wulan puasa sekiye, warga mbokan ora kabotan, malah ana sing njaluk, padha giliran nggawe tajilan nggo mesjid saben dinane,” ujare Mas Klerek.

“Ya kuwe anane. Ora wong sugih nang kana-kana thok. Nang desa kene be ana. Wong sing kuli ari be ora kabotan nyokong sepuluh ewu. Dheweke kokh mung limang ewu. Ndeyan sing sugih mau kuasane mung limang ewu?”

“Wis jam setengah loro warah! Magreh padha ider ngugahi wong-wong kon padha saur,” Duslam ngemutna.

Banjur inyong karo batir rondhane padha mlaku ngubengi tlatah RT, karo thakthak-thekthek nuthuki kenthong nggugahi wong turu.q-o


Kang Supa .

Dicopy paste sekang Harian Kedaulatan Rakyat, edisi Sunday, 07 November 2004.


mBalik ming: Kaca Utama ; Daftar Tulisan / Artikel Bebas
Our "Network":

Project Gutenberg
https://gutenberg.classicistranieri.com

Encyclopaedia Britannica 1911
https://encyclopaediabritannica.classicistranieri.com

Librivox Audiobooks
https://librivox.classicistranieri.com

Linux Distributions
https://old.classicistranieri.com

Magnatune (MP3 Music)
https://magnatune.classicistranieri.com

Static Wikipedia (June 2008)
https://wikipedia.classicistranieri.com

Static Wikipedia (March 2008)
https://wikipedia2007.classicistranieri.com/mar2008/

Static Wikipedia (2007)
https://wikipedia2007.classicistranieri.com

Static Wikipedia (2006)
https://wikipedia2006.classicistranieri.com

Liber Liber
https://liberliber.classicistranieri.com

ZIM Files for Kiwix
https://zim.classicistranieri.com


Other Websites:

Bach - Goldberg Variations
https://www.goldbergvariations.org

Lazarillo de Tormes
https://www.lazarillodetormes.org

Madame Bovary
https://www.madamebovary.org

Il Fu Mattia Pascal
https://www.mattiapascal.it

The Voice in the Desert
https://www.thevoiceinthedesert.org

Confessione d'un amore fascista
https://www.amorefascista.it

Malinverno
https://www.malinverno.org

Debito formativo
https://www.debitoformativo.it

Adina Spire
https://www.adinaspire.com