Crita Begalan
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
CRITA BEGALAN
"TAKONANE inyong dhong minggu wingi dhong kadhahan Begalan toli durung disauri Kang Supa. Sapa sing kudu nganakna Begalan?" omonge Gaber sing wis rampung ngladheni wedang clebek nggo sing padha rondha. Kaya biasane, sing rondha winginane mbengi ya kumplit plit. Inyong, Mas Klerek, Taslim, Duslam karo Gaber nang njero gerdhu Kamling padha nyandhing wedang clebek gawane Duslam sing kena giliran wengi kuwe. Pacitane ranjem goreng utawa themlek, dhage goreng, mendhoan karo meniran.
"Sing kudu nganakna Begalan, kuwe nek uwong nembe mantu. Utawane nek mantu anak wadon mbarep ulih anak lanang mbarep, anak mbarep karo anak bontot, anak bontot karo bontot lan liyane maning. Sebab Begalan kuwe padha bae karo ruwatan. Dadi ana bae nek anak sing kudune diruwat kaya bocah ontang-anting, sendhang kapit pancuran, pancuran kapit sendhang, Pendawa Lima lan sepenunggalane nek pengantenan dianakna Begalan," Mas Klerek sing nyauri.
"Mbok kowe ora ngerti, Ber. Bocah ontang-anting kuwe anak mung siji thil. Sendhang kapit pancuran, anak telu mbarep lanang nomer loro wadon bontot lanang. Pancuran kapit sendhang, mbarep wadon sing tengah lanang karo bontote wadon. Pendhawa Lima, anak lima lanang kabeh,"Taslim nyambungi, nerangna.
"Ooo.. Kaya kuwe. Sing inyong tau nonton, Begalan kayane nggambarna uwong sing dibegal utawa dirampok. Sing mbegal nganggo klambi ireng kathoke ireng, brengose mbaplang sirahe iket-iketan. Medeni keton kejem. Sing dibegal kokh mikul abrag-abrag pawon ya?" omonge Gaber.
"Kae mikul Brenong Kepang jenenge. Yakuwe wangkringan, ian, ilir, cething, kukusan, kalo, tampah, sorok, centhong, irus, siwur, kendhil lemah, pala pendhem, pala gemantung karo liyane maning. Sing mikul wangkringan biasane nganggo jeneng Surantani utawa Jurutani. Sing mbegal nganggo jeneng Suradenta, nggawa pedhang wlira," inyong nerangna.
"Wangkringan, ilir karo liya-liyane kuwe ana tegese dhewek-dhewek ya?" Duslam nylemong.
Sing nyauri Mas Klerek : "Iya. Wangkring sing nggo pikulan perkakas pawon kuwe, ngemu karep si penganten kudu bisa nimbang sing padha abote. Sebabe wong ningkahan kuwe anu wong loro dadi siji. Mikul tanggungjawab sing ora entheng, dadi kudu bisa nyangga, nggawa maring tujuane mbangun rumah tangga. Lha nek ian karo ilir, jere duwe mangsud wong bojoan kuwe kudu bisa milah-milah sing bener karo sing apik. Barang kuwe digawe sekang anam-anaman pring. Dadi kudu bisa nganam utawa mbedakna sing bener karo sing ora."
"Nek Siwur?" Gaber takon.
"Siwur kuwe keratabasane, asihe aja diawur-awur. Dadi ketresnane sing lanang utawa sing wadon aja diambrah-ambrah. Asihe sing lanang yang nggo sing wadon, kaya kuwe sewalike. Nek duwe anak, asihe meng anak-anake kudu adil," inyong sing nyauri.
"Centhong mangsude apa?" genten Duslam sing takon.
"Nek diplecehi tut siji tegese sing padha dicanthelna nang wangkring kuwe, dawa pisan. Tur maning inyong dudu tukang Begal, dadi ya ora patiya ngerti. Sing genah golehe Surantani nerangna siji-sijine barang sing nang wangkring kuwe nuturi maring calon penganten. Mulang supayane si penganten golehe omah-omah bisa guyub rukun, tentrem tur ayem," Mas Klerek nyauri.
"Nek wis padha unclang-unclangan wangkring, Suradenta nggebug kendhil banjur barang-barang sing nang wangkring nggo rayahan sing padha nonton ya Kang Supa?"
"Iya Slim. Dadi nganakna Begalan kuwe jane nggo srana men si penganten mengkone bisa waras slamet. Nggo tulak bala. Golehe jejodhoan ora nana alangan apa-apa, kaya mimi lan mintuna tutug tekan kaken-kaken ninen-ninen. Kuwe manut tradisi utawa kepercayan."
"Begalan kuwe dianakna sedurunge penganten jejer. Jaman sekiye lewih nyingget gamelane. Nganggo kaset utawa CD, ora perlu rebyeg nganggo gamelan. Men sing nonton aja bosen utawa ngrasa seneng, dibumboni men resep.
Umpamane Si Sirantani golehe aweh pitutur karo ndhagel. Ya kaya sing ditonton Kang Supa nang Tlacap kae." Mas Klerek nyambungi.
"Eh,..... wis tengah wengi warah. Magreh padha ider," Duslam ngemutna sing padha rondha.
Dopokan bubar, inyong karo batir papat kuwe mbanjutan ider kliling tlatah RT.q - o
Kang Supa
Di copy paste sekang Kedaulatan Rakyat, 19 Maret 2006
mBalik ming: Kaca Utama ; Daftar Tulisan / Artikel Bebas