Kimia
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Bébas mawi basa Jawi
Bab lan Paragraf |
[sunting] Prakata
Kimia (basa Arab: كيمياء utawa basa Yunani: χημεία "khemeia") iku ngèlmu sing manyinaoni sifating dat-dat dhasar matéri sing ana ing jagat. Ngèlmu iki dadi nyinaoni sifat dhasar, pangowahan lan interaksi atom-atom, yaiku dat-dat dhasar matéri.
Olèhé manyinaoni ngèlmu iki, papané ana ing laboratorium.
[sunting] Bidang-Bidang Kimia
Bidang-bidang khusus ilmu kimia iku antarane:
[sunting] Atom
Artikel utama bab: Atom.
Atom iku satuan materi sing cilik banget sing ketata saking:
- Nukleus utawa inti atom sing duwe muatan positif sing umume ngandung Proton lan Neutron
- Elektron ngubengi nang sekitar inti atom kanggo ngimbangi muatan positif inti atom.
[sunting] Unsur Kimia
Artikel utama bab: Unsur Kimia.
Unsur Kimia iku kelompok atom sing duwe jumlah proton sing pada ing jero inti atom utawa nukleus/inti. Jumlah iku diarani nomer atom unsur. Kanggo conto: kabeh atom sing duwe proton 6 iji ing intine iku mesthi atom saking unsur kimia karbon, utawa kabeh atom sing duwe proton 92 iji ing inti/nukleuse mesthi atom unsur uranium.
Tampilan unsur-unsur iku paling pas tur gampang dipahami ana ing tabel periodik. Ing tabel periodik iku wis digawe kel
[sunting] Cabang-Cabang Kimia
Cabang-cabang utama ilmu kimia iku antarane:
- Kimia Organik
- Kimia Anorganik
- Biokimia
- Kimia Fisik
Sa'liyane iku uga ana cabang-cabang khusus sing mbahas kaitan ilmu kimia iki kaliyan ilmu liyane contone:
- Elektrokimia
- Farmakologi
- Geokimia
- Kimia Atmosfer
- Kimia Inti
- Kimia Komputasi
- Kimia Lingkungan
- Kimia Obat
- Kimia Polimer
- Kimia Supramolekul
- Termokimia
- lyy.
[sunting] Pirsani Uga
- Hukum Kimia
- Tata Jeneng Kimia
- Wujud Zat
- Kimiawan
- Tabel Periodik
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kagungan karep mbenakaken, sumangga kémawon.