Dialek Tengger
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Bébas mawi basa Jawi
Dialek Tengger dipituturke ing tlatah Gunung Bromo sing kalebu wilayah Pasuruan, Probolinggo, Malang lan Lumajang.
Ing Pasuruan, cara Tengger ditemokake ing kecamatan Tosari, sabanjure ing Probolinggo, tlatah kecamatan Sukapura, menawi Malang, cara Tengger dituturke ning wilayah desa Ngadas, kecamatan Poncokusumo. Kang pamungkas, ing Lumajang dituturke ing wilayah Ranupane, kecamatan Senduro.
Dialek iki dianggep turunan basa Kawi lan tansah akeh mertahanke ukara-ukara kunaan sing wis ora digawe maneh ning Basa Jawa anyaran.
Upami :
- reang : aku, sing ngomong wong lanang
- isun : aku, sing ngomong wong wadon
abjad a sing ning basa Jawa anyaran kawacan O, ning Tengger kawacan A. Panggah kaya basa akare, basa Kawi.
[sunting] Mugi mirsani
- Balik ing : Basa Jawa