Dialek Pekalongan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Bébas mawi basa Jawi
Dialek Pekalongan kalebu dialek2 Jawa sing dipituturake ing pesisir lor tanah jawa tlatah Jawa Tengah utamane ing Kotamadya/Kab. Pekalongan.
Senadyan ana ing Jawa Tengah dialek Pekalongan bedo karo daerah pesisir jawa liyane, umpamane Tegal, Weleri/Kendal, Semarang.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Abad 15-17 Pekalongan kalebu daerah praja Mataram Awal mulane basa Pekalongan ora rubeda karo basa Jawi kang dipiguanaake ing tlatah projo Mataram . Ananging ana sakteruse jaman basa basa Jawa utamane dialek Pekalongan wiwit katon ana bedhane kasebab ana gegayutane karo budaya lan sesambunganing liyan . Basa/Dialek Pekalongan baku jaman semono mau wis ora dianggo maneh ono ing dialek Pekalongan jaman saiki.
Jaman saiki akeh para piyayi Pekalongan kang duwe pakaryan dadi Juragan Batik, tenun lan Tekstil lan tansah migunakke dialek kang biso dimangerteni dening piyayi pekalongan dewe. Anane para juragan , pedagang uga para nelayan ana tlatah kutha lan pinggiran mujudake basa/dialek iki mau.
[sunting] Dialek Antara
Ujud dialek Pekalongan kalebu basa "antara" kang dipigunakake antara tlatah Tegal (sisih kulon) ,Weleri (sisih wetan) lan daerah Peg. Kendeng ( sisih kidul). kalebu basa sing "sederhana" nanging "komunikatif" lan bisa gampang disianoni lan dipigunaake.
Mulo kanggone para piyayi Jogya/solo dialek kalebu kasar lan angel dimangerteni. Kanggone piyayi Tegal kalebu dialek kang padha derajate nanging angel dimangerteni bebasan sinigar padha rupane jiniwit bedha rasane.lamun wayang iku wujude Kresna lan Harjuna.
Dialek Tegal akeh nganggo istilah : Bae, nyong, manjing, koyo kuwe,.. kanthi diucapake medhok . semono ugo dialek Pekalongan padha nanging diucapake ora kanthi medhok ( "datar" ing pangucap).Tegese ana ing dialek Pekalongan kosakata mau dipigunaake lan padha tegese.
[sunting] Bedha liyane
Contone nganggo pangucap :"Si" ,"Ra","Po'o","Ha'ah pok", "lha", "Ye". anane "kosakata":
- "Kokuwe" tegese "Koyokuwe",
- "Tak nDangka'i" tegese "tak kiro".
- "Jebhul no'o" tegese "jebhul".
- "lha mbuh" tegese " yo embuh",
- "Ora dermoho" tegese "ora sengaja".
- "Wegah ah" tegese "moh".
- "Nghang priye" tegese "kepiye",
- "Di Bya bae ra" tegese " diadepi wae",
lan sish akeh liyane ..
[sunting] conto kalimat
- "Lha kowe pak ring ndi si ??.." ( kowe arep menyang endi ??).
- "Yo wis kokuwe Po'o ra". ( Yo wis ngono yo ora opo-opo).
- "tak ndangka'i lanang jebulno'o wadhok" ( tak kiro lanang jebhul wedhok).
[sunting] Tembung Serapan
Cedak budayane wong Pekalongan karo budaya Arab lan Cina nambahi kosakata lan dialek ing Pekalongan, umpamane :
[sunting] soko konco2 Arab
- Wallahi temenan Po'o nyong ra ngapusi,yakin .. ( Demi Allah aku ora ngapusi,yakin tenan )
- Ya Allah ..ke ra mosok ra percoyo si ( Ya Allah , kok nggak percaya amat sih ) -- arab.
[sunting] Soko konco2 Pecinan
- lhe guwe Bah cilik Congkle ( dewekne anak-e Cong Lee ).--Cina.
Biasa-ne para keturunan cina biasane uga dicampu nganggo basa Indonesia, umpamane :
- Lha tadi sudah tak "bilangke" tapi "ndak ngerti" yo wis ...( Mau wis tak kandhakke marang dewekne nanging ora ngerti yo wis ..)
- mBok "diambilke" ( tulong jupokna)
[sunting] Sekitar Pekalongan
Ing nduwur Iku kabeh dialek ana ing njero kutha Pekalongan. Rada minggir soko tlatah kutha, ana beda-ne sithik ..anggone pangucap. Akeh huruf vokal/konsonan kang diucapake kanthi medhok..kanthi tambahan. "huruf h ing pangucap". umpama : tembung
- "banyu" diucapake "benhyu".
- "Iwan" diucapake "i-whan".
- "bali"/mulih diucapke "bhelhi".
- "Brahim" /Ibrahim diucapake "Brehiim"
conto : Wis ho , nyong pak bhelhi ndikik ( Wis yoo, aku arep mulih disik ).
Ujud dialek ing mduwur mau dipigunaake ana ing tlatah Batang ( ing sisih wetan),Pemalang/Wiradesa(ing Sisih Kulon),Bandar/Kajen (ing sisih kidul) .. sisih Lor ora nganggo sebab-e...nJegur segoro ..
semene disik ... mengko yen ana tambahane ditulis meneh .., nuwun.
- Balik ing : Basa Jawa