Dialek Blora
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Bébas mawi basa Jawi
Sakbeneré dialèk Blora mono ya ora pati béda karo dialèk Jawa liyane, mung ana sawetara istilah kang nyata nyata khas Blora, umpamané:
- nDak iya "lèh"?? (kira kira pada karo "Masak iya sih").
- Piye "lèh" iki?? Kok "ogak" "mulèh-mulèh", malah dha neng ngisor "greng"??
- Nèng kéné hawané "anyep", wetengku wis "lesu".
- Wis ndang di"genjong", "engko" selak masuk angin.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Beda
Bédane dialèk Blora karo dialèk Jawa umume :
[sunting] Akhiran "uh" dadi "oh"
Contoné:
- abuh dadi aboh
- butuh dadi butoh
- embuh dadi emboh
- ngunduh dadi ngundoh
- suruh dadi suroh
- sepuluh dadi sepuloh
- utuh dadi utoh
[sunting] Akhiran "ih" dadi "èh"
contoné:
- batih dadi batèh
- gurih dadi gurèh
- kluwih dadi kluwèh
- mulih dadi mulèh
- sugih dadi sugèh
- sapih dadi sapèh
- putih dadi putèh
[sunting] Akhiran "mu" dadi "em"
Sing artine hal milik, contoné:
- omahmu = omahem
- klambimu = klambiem
- anakmu = anakem
[sunting] Istilah liyané
- ambèk = karo
- anyep = adhem
- briga-brigi = bedhigasan
- digenjong = diangkat/dibopong
- engko = mengko
- gendul = botol
- Greng = dhompolan pring
- jingklong = lemut = nyamuk
- kelar = kuat (contone: ora kelar ngglewet = ora kuat obah)
- lebi = tutup (lawange ndhang di lebi, selak jingklonge mlebu)
- leket = lelet = ora cepet-cepet
- lesu = ngelih
- lodhong = stoples
- mèk = njupuk
- mèlok = melu
- menga = ora ditutup (lawang)
- mulèh = mulih
- njuk = njaluk
- ndahneya = ndahleya = "ora bakal klakon"
- ndara ya = mestine
- ndhenger = ngerti
- ngglewet = obah
- Ogak = ora
- petita-petiti = briga brigi
- penging = ora entuk = dilarang
- plekoto = peksa
- sitok = sicok = siji
- suker = becek
- biting = sodo
- jeblok = pentong = berlumpur
- gelok = toples
- enjoh = kodak = iso (ngono thok ae kok gak enjoh, ndak piye koe iku ??) ; (koe iku piye leh? ngono tok ae gak enjoh)
- gablek = nduwe
- duwik = duit
- wedhi = lemah
- ceblok = jatuh
- mbelak = pinter
- mbiluk = pinter banget
- ampo = panganan soko lempung (marahi gegelen)
- suwal = sruwal = kathok = clono
- Balik ing : Basa Jawa
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kagungan karep mbenakaken, sumangga kémawon.