Web - Amazon

We provide Linux to the World


We support WINRAR [What is this] - [Download .exe file(s) for Windows]

CLASSICISTRANIERI HOME PAGE - YOUTUBE CHANNEL
SITEMAP
Audiobooks by Valerio Di Stefano: Single Download - Complete Download [TAR] [WIM] [ZIP] [RAR] - Alphabetical Download  [TAR] [WIM] [ZIP] [RAR] - Download Instructions

Make a donation: IBAN: IT36M0708677020000000008016 - BIC/SWIFT:  ICRAITRRU60 - VALERIO DI STEFANO or
Privacy Policy Cookie Policy Terms and Conditions
Basa Osing - Wikipedia

Basa Osing

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Bébas mawi basa Jawi

Basa Osing utawa Using kuwi dipituturake ing tlatah Banyuwangi utawa kang biasa kasebut Blambangan.

Osing asale saka tembung sing kang artine ora. Tembung iki saka basa Bali: tusing. Asline basa Osing iki salah sijine varian basa Jawa kuna kang tansah dituturke ning Banyuwangi. Akeh uga tetembungan karo pengaruhe Basa Bali, Basa Medhura lan ana kadang Basa Inggris.

Masyarakate ya ndhuwe seni budhaya kang bedha karo pendhudhuk Jawa liyane. Akeh para cendikiawan kang ngutarake yen Basa Osing iku sejatine cabangan langsung saka Basa Kawi ora ngliwati dhadi basa Jawa dhisik. Dhadi kasuse padha karo Basa Minang lan Basa Melayu sing sebagian ngomong saka Basa Melayu lan sebagian liyane ngomong yen Minang kuwi basa dhewe.

Basa utawa dhialek Osing iki dituturke ning kira-kira separuh wilayah Banyuwangi. Wong utawa Lare Using biasane manggon ning :

  • Sebagian Genteng
  • Cluring
  • Srono
  • Kalipuro
  • Glagah
  • Giri
  • Sebagian kutha Banyuwangi
  • Sebagian Muncar
  • Rogojampi
  • Sebagian Gambiran

Yen kecamatan liyane lumrahe nganggo Basa Jawa biasa utawa Medhura. Cara Using uga ditemokake ning wilayah Jember lan Lumajang sanajan cacahe sethithik banget.

[sunting] Pangucapan

Pangucapan ning Basa utawa dhialek Using Banyuwangen iki radha bedha karo dhialek Jawa liyane.

Misale abjad vokal ning pungkasan ukara diwaca bedha. Upami :

  • (u) kawacan (au)
  • (i) kawacan (ai)
  • (o) kawacan (ao)
  • (e) kawacan (ae)
  • (oo) kawacan (aoo)

Ukara :

  • biru dhadi (birAu)
  • gedhigi dhadi (gedhigAi)
  • soto dhadi (sotAoo)
  • sore dhadi (sorAe)
  • milo dhadi (milAo)

Menawa huruf bA, gA, dA, nA, mA ana tambahan ya Upami :

  • (bA) dhadi (byA)
  • (gA) dhadi (gyA)
  • (dA) dhadi (dyA)
  • (mA) dhadi (myA)
  • (nA) dhadi (nyA)
  • (wA) dhadi (yA)

Kalimat :

  • Banyuwangi dhadi (ByAnyuwangAi)
  • Kembang gadhung dhadi (kembyAng gyAdong)
  • Dhayuh dhadi (DyAyoh)
  • Omah dhadi (UmyAh)
  • Uwak dhadi (uyyA')
  • Nonah dhadi (nonyAh)
  • Embah dhadi (embyAh)

Saliyane iku, akeh ukara-ukara sing ora ditemokake ning dhialek Jawa ngendhi wae. Ukara-ukara iku akeh sing asale saka Basa Kawi, utawa Bali. Upami :

  • sing : ora
  • bojog : kethek
  • sira : ing Banyuwangi sira iku padha artine karo kowe (ngoko)
  • isun : aku, ing Jawa liyane isun utawa ingsun kalebu kromo
  • ring, nong : ing, ning
  • nono : ora ana
  • sawi : pohung
  • sawen: sawi
  • Klendhi kabare? (kawaca : Klendhi kabyare?) : Piye kabare?

yen diwalik dadi Kabare klendhi? pangucapane dhadi : kabyAre klendAi?

  • Ono paran? : Ana apa?
  • Gedhigi (kawaca : gedigAi) : mengkene, ngene
  • Gedhigu (kawaca : gedigAu) : mengkono, ngono

Ana maneh, ukara-ukara sing asale saka bahasa Inggris. Jaman Walanda biyen, akeh tuan tanah saka Inggris sing manggon ning perkebunan-perkebunan utamane ning tlatah Glenmore, Kalibaru lan Genteng. Dhadi pengaruhe Basa Inggris mlebu ning cara Using. Upami :

  • sulung (saka ukara so long) : dhisik
  • nagud (saka ukara no good) : ora becik

[sunting] Kahanan Basa Using saiki lan variasine

Basa Using saiki ditetepke kalebu mata ajaran ning sekolah dasar lan sekolah lanjutan tingkat pertama sa' Banyuwangi. Sejatine wis dicoba mulai taun 1997 lan dibarengke karo mata ajaran Basa Jawa. Iki pratamane diajarke ning sekolah-sekolah sing kalebu tlatah cara Using.

Basa utawa cara Using dhewe saben kecamatan ana bedhane. Using sing digawe ning kecamatan-kecamatan ning lor Banyuwangi cara pangucapane tansah kuna ketimbang cara Using ning kecamatan-kecamatan ning kidul.


Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org../../../b/a/s/Basa_Osing_aa91.html"
Basa liyane
Our "Network":

Project Gutenberg
https://gutenberg.classicistranieri.com

Encyclopaedia Britannica 1911
https://encyclopaediabritannica.classicistranieri.com

Librivox Audiobooks
https://librivox.classicistranieri.com

Linux Distributions
https://old.classicistranieri.com

Magnatune (MP3 Music)
https://magnatune.classicistranieri.com

Static Wikipedia (June 2008)
https://wikipedia.classicistranieri.com

Static Wikipedia (March 2008)
https://wikipedia2007.classicistranieri.com/mar2008/

Static Wikipedia (2007)
https://wikipedia2007.classicistranieri.com

Static Wikipedia (2006)
https://wikipedia2006.classicistranieri.com

Liber Liber
https://liberliber.classicistranieri.com

ZIM Files for Kiwix
https://zim.classicistranieri.com


Other Websites:

Bach - Goldberg Variations
https://www.goldbergvariations.org

Lazarillo de Tormes
https://www.lazarillodetormes.org

Madame Bovary
https://www.madamebovary.org

Il Fu Mattia Pascal
https://www.mattiapascal.it

The Voice in the Desert
https://www.thevoiceinthedesert.org

Confessione d'un amore fascista
https://www.amorefascista.it

Malinverno
https://www.malinverno.org

Debito formativo
https://www.debitoformativo.it

Adina Spire
https://www.adinaspire.com