Bèkelan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Bébas mawi basa Jawi
Bekelan iku sejatine dolanan bocah kanggo ngisi wektu ngaso sekolah. Bekelan iku dhewe nduwe piranti yaiku :
- Balkaret seukuran bola pingpong
- Timbel sing bentuke gepeng kaya kacang kulit, ana titik-titike.
Dolanan iki ana aturane, tegese aturan iku mau ora beda karo lakone urip menungsa, yaiku :
- Bal diumbulake kae maknane : Menungsa kudu eling marang Gusti Pangeran, ning kudu kelingan sing nang ngisor yaiku seduluran utawa bebrayan,
- Bar kuwi biji lima diraup, didadekne siji terus disebar, maknane : Menungsa kuwi sedulur kabeh ayo bebrayan neng alam donya iki kudu rukun amarga tuntunane asale seka siji yaiku Gusti Pangeran.
Kenapa sak wise nguncalake bal terus malik timbel saka urutan 1, 2, 3,4 teka 5. yaiku tegese manungsa urip iku kudu manut karo aturan utawa tuntunan sing jelas lan gamblang lan ora kena nafsu amarahe thok kudu kabeh nganggo sing padha welas asih marga kabeh iku mau ana kaitane siji lan sijine.
- Angka 1 tegese manungsa iku kudhu nyawiji, yaiku searah lan tujuanne mung kanggo sing gae urip yaiku Gusti Pangeran, manut perintah lan adoh saka larangane
- Angka 2 tegese manungsa iku ana dhasare yaiku benar saka lahir lan batinne.
- Angka 3 tegese manungsa iku bisa pilah-pilah endi sing bener endi sing salah.
- Angka 4 tegese manungsa iku kudu bisa nglaksanakne yaiku geguyub karo sedulur kaya senenge menungsa karo Gusti Pangeran.
- Angka 5 tegese sapa sing tumindak bener lan njalanke perintahe Gusti Pangeran yaiku kang bakal urip mulya lan tentrem.